logo-sekolah-islam-shafta

PIDATO ” Tanggap Wacana”

arjuna

ASSALAMUALLAIKUM…

Sugeng Injing bocah-bocah kelas 9, Piye kabare  Alhamdulillah apik yaaa…

Dina iki materi sing arep dak wulangange yaiku ngenani  “TANGGAP WACANA ”.

Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti . Aminnn

Bismillah…

PIDATO ” Tanggap Wacana”

  1. Tegese pidhato

Pidhato yaiku omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekake marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.

  1. Tujuan Pidhato

Pidhato umume duweni tujuan kaya ing ngisor kasebat :

1.Nyedhiyani informasi, yaiku nyedhiyani pangerten informasi kanggon pamireng / pamiyarsa.

2.Persuasif / ngajak, yaiku mengaruhi pamireng/pamiyarsa kanggo nindakake saran utawa propaganda pidhato ditulis dening penulis pidhato.

  1. Hiburan utawa rekreasi, yaiku ndadekake wong liya seneng karo pidhato, saingga bisa ndadekake pidhato kang di sampeake bisa marem.
  1. Jenis-jenis Pidato Adhedhasar
  • Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
  • Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
  • Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
  • Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
  • Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
  • Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.
  • Ngucapake salam pambuka lan salam pirsawan;
  • Nyampeake pambuka biasane disampeake kanggo ngucapake matur nuwun, utawa ekpresi saka kasenengan, utawa sukur;
  • Nyampeake isi pidhato sing pocapan ing basa Jawa iku apik lan bener lan nggunakake gaya basa menarik;
  • Nyampeake kesimpulan saka isi wicara supaya gampang eling dening pirsawan;
  • Nyampeake pangarep-arep sing ngandhut saran utawa uleman menyang pirsawan kanggo ngleksanakake isi wicara; lan
  • Nutup Salam

KANGGO LUWEH MANGERTENI MATERI PIDATO, COBA WACANEN MATERI ING NGISOR IKI!

https://docs.google.com/presentation/d/1vyeDw-FsCjIpJwU2tE_Oaa_OqosurOZD/edit?usp=share_link&ouid=111380541280559709416&rtpof=true&sd=true

Author

Latest Post

Related Post