logo-sekolah-islam-shafta

MENGANALISIS STRUKTUR TEMBANG MACAPAT

tembangmacapat

ASSALAMUALLAIKUM….

Sugeng enjing bocah-bocah kelas 11…

piye kabare dina iki mugo-mugo kabeh padha sehat yaaa, kanggo miwiti piwulangan dina iki ayo pdha-padha ndunga supaya materi dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita lan uga materi kasebut bisa diterapake ing omah utawa kaluwarga uga masyrarakat.

Bismillah …

TEMBANG MACAPAT

Tandha-tandhane tembang macapat yaiku :

  • Nganggo pathokan/paugeran : Guru wilangan, guru lagu, guru gatra lan pada.
  • Bahasane nganggo basa Jawa anyar.
  • Bisa mandheg dhewek tanpa diiringi gendhing

Gunane tembang macapat

  • Kanggo kasusastran jaman siki.
  • Kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing.
  • Kanggo lagu kethoprak lan wayang wong.
  • Kanggo ngarang kapustakan jawi.
  • Kanggo parikan lan dhagelan.
  • Jenis tembang macapat
  • Maskumambang
  • Mijil
  • Kinanthi
  • Sinom
  • Asmarandhana
  • Gambuh
  • Dhandhanggula
  • Durma
  • Pangkur
  • Megatruh
  • Pocung

 

Kasusastran kang tinemu ing tembang macapat yaiku:

  • Pada : Arane cacah/jumlah tembang saben selagu, sekang wiwitan/awal nganti tekan pungkasan/rampung.
  • Guru gatra : larikan ing tembang macapat, neng tembang gedhe diarani pada dirga, yakuwe cacahing gatra saben selagu.
  • Guru wilangan : Jumlah/cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  • Guru lagu : Tibaning swara saben pungkasane gatra.
  • Dhong-dhing, yakuwe guru lagu sing tibane swara “U” utawa “I”.

 

Wateke tembang macapat yaiku:

  • Maskumambang : Wateke nelangsa kanggo medharake rasa prihatin.
  • Mijil : Wateke wetuning rasa, mituturi kanggo medharaken bukaning carita.
  • Kinanthi : Wateke seneng, tresna, lan asih.
  • Sinom : Wateke grepyak, renyah, lan semanak.
  • Asmaradhana : Wateke sedih, sengsem, lan prihatin.
  • Gambuh : Wateke wani, kulina, lan rumaket.
  • Dhandhanggula : Wateke kewes, luwes, lan resep.
  • Durma : Wateke galak, nantang, nesu, lan muntab.
  • Pangkur : Wateke sereng, kejem, lan nantang.
  • Megatruh : Wateke sedih lan nelangsa.
  • Pocung : Wateke kendho tanpa greget.

 

Gegambaran urip menungsa ing tembang macapat yaiku :

  1. Maskumambang. Tembang punika nggambaraken menungsa sing esih wujud jabang bayi sing taksih ing sajroning kandunganipun ibu. “Mas” artine dereng ngertos jabang bayi kuwi lanang nopo wadon. Menawi “Kumambang” artine gesangipun ngambang ing kandunganipun ibu.
  2. Mijil. Tembung Mijil nggambaraken jabang bayi sing sampun lair lan sampun cetha anggone lanang apa wadon.
  3. Sinom. Artine kanoman/nem-neman utawa masa muda, yakuwe puncake menungsa ing babagan nggolet ilmu seakeh-akehe.
  4. Kinanthi. Tembung punika asale saking tembung kanthi utawi tuntun, sing artine dituntun supaya bisa mlampah ngambah pagesangan ing alam ndonya.
  5. Asmarandhana. Artine rasa tresna (cinta) marang lawan jenis kang wis dadi kodrate menungsa.
  6. Gambuh. Asale saka tembung jumbuh/sarujuk sing artine menawi sampun jumbuh/sarujuk lajeng digathukaken antawisipun kakung lan estri kang sami nggadahi rasa tresna mau.
  7. Dhandhanggula. Nggambaraken geangipun tiyang kang lagi remen-remenipun, apa bae sing dipengini bisa kawujud. Bareng-bareng kaliyan keluarga, garwa, lan putra-putrinipun gesang cekap kanggo sak keluarga. Mila punika tiyang kang lagi bungah utawi lagi legi-legine, sebabe kuwi saged dipunwastani sekar Dhandanggula.
  8. Durma. Tiyang menawi sampun rumaos kacekapan gesangipun, lajeng tuwuh raos welas asih datheng kadang mitra sanesipun ingkang saweg nandhang kacingkrangan, mila lajeng tuwuh raos kepengin darma/paring datheng sesami-sami.
  9. Pangkur. Artine nyingkiri hawa nepsu angkara murka ingkang dipunpanggalih tansah kepengin paring datheng sesami lan nglampahi ibadah kanthi saestu.
  10. Megatruh. Saking tembung “megat roh” utawa pedot rohe utawi pedot nyawane kang sampun diatur nang Kang Maha Kuwaos.
  11. Pocung. Menawi sampun dados layon/jisim lajeng dipunbungkus mori petak utawi dipunpocong sakderengipun disarekaken.
  12. Contohe tembang macapat :

KINANTHI

       
         5             6            6           6            6            1             2           2

       Dhuh        de         wa        dhuh       jaw         a             ta        gung

         2            1            1            1            6          6     1        5           6

        Ti          nga          la           na          so          lah          ma        mi

        5            6             1            1            1            1          6     1

       Se           la           ra          se          wu        brang       ta

        5            5             5            5            5            2          3     2        1

       Tan         a            na          tim         ba          nge        ma         mi

        1            2            3            5            5             5             5            5

       Yen        ta            u           lun          tan        pang         gi          ha

        3            2            2            2            2          3      2        3            5

       Ka          la          wan         pa        nge          ran          ma         mi

Jika notasi lagu di atas tidak rapi pada posisi potrait, silahkan putar layar HP kamu ke posisi landscape
Baca juga : Contoh Tembang Kinanthi Dengan Terjemahannya Miturut contoh tembang ing ndhuwur, tembang macapat yakuwe kinanthi dhuweni pathokan-pathokan sebagai berikut :

  1. Guru gatra : 6 gatra
  2. Guru wilangan : 8,8,7,8,8,8
  3. Guru lagu : u,i,a,I,a,i

Author

Latest Post

Related Post