Assalamualaikum Wr. Wb
Pripun kabare isuk iki para siswa kelas VIII ? Muga muga podho sehat lan tetep semangat kanggo ngangsu kawruh supaya besok e bisa migunani ing tembe buri. Sakdurunge pembelajaran dimulai ayo podho donga marang Gusti Allah supaya mengko bisa nrima pelajaran kanthi bener. Monggo Donga.
Pembelajaran dhek wingi bahas babagan unsur basa teks wawancara, saiki ngelanjutake unsur 5W lan 1H ing teks wawancara. Seng pastine dukung kanggo teks wawacara supaya mathuk karo judul lan bahan sing ditulis sehingga teks wawancara migunani.Wacanen bab ing ngisor iki :
Unsur 5 W lan 1 H ing teks wawancara
- What tegese apa ( Nakokake Barang )
- Who tegese sapa (Nakokake Wong )
- Why tegese Geneya (Nakokake Alasan )
- When tegese Kapan ( Nakokake Wayah/ Wektu )
- Where tegese Ing Endi ( Nakokake Papan Panggonan )
- How tegese Kepriye ( Nakokake Cara )
Nyusun Teks Wawancara :
- Nentokake Tema
- Nentoake Judul
- Nentokake Bahan lan nindakake wawancara
- Nentokake Tujuan
- Ngawe kerangka karangan
- Ngubah kerangka karangan dadi karangan teks wawancara sing menarik lan duweni manfaat
Sakwise maca materi ing dhuwur kanggo mangerteni kemampuan kalian.
Coba buka paket Kirtya Basa Kanggo SMP/MTS Kelas VIII kaca 60-61 ( Nulis teks laporan kanthi mandhiri). Urutanne :
- Goleka narasumber ing sacedhake omahmu
- Gawea daftar pitakonan wawancara 5W+1H
- Hasil wawancara diketik kertas HVS : Teks Wawancara diwenehi foto wawancara
- Laporan Hasil Wawancara dikumpulake minggu ngarep wektu pelajaran basa jawa
Muga muga garapan peserta didik apik sehingga oleh biji kang apik lan migunani ing tembe buri.
Wassalamualaikum Wr.Wb