logo-sekolah-islam-shafta

MENGANALISIS TEKS DRAMA

drama new

ASSALAMUALLAIKUM….

Sugeng enjing bocah-bocah kelas 11…

piye kabare dina iki mugo-mugo kabeh padha sehat yaaa, kanggo miwiti piwulangan dina iki ayo pdha-padha ndunga supaya materi dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita lan uga materi kasebut bisa diterapake ing omah utawa kaluwarga uga masyrarakat.

Bismillah …

Jenis-jenise drama:

  1. drama tragedi

Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake ati (sedhih).

  1. Drama Komedi

Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu.

 

Unsur-unsur drama :

  1. Unsur Intrinsik

Sing kalebu unsur intrinsik yaiku :

2.  Naskah/ Skenario

Teks sing ngemot kedadeyan sing bakal dimainake dening para paraga.

3. Paraga

Wong sing bakal meragakake drama.

4. Sutradara

Salah sijining pawongan kang ngendalekake pentas drama.

 

  1. Unsur Ekstrinsik

Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku :

  1. Busana/ kostum lan rias
  2. Panggung/ papan pentas
  3. Gamelan
  4. Unsur Teateral

Paraga kudu nguwasani papan pentas/ panggung.

  1. Unsur Budaya

Budaya sing ana ing masyarakat sakiwa tengene pentas

  1. Unsur Kaendahan (estetika)

Unsur sing ana gegayutane karo rasa kaendahan, kreativitas, lsp.

Sing kudu ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama, yaiku :

  1. Maca naskah drama kanthi mangerteni isine
  2. Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah kang arep diperagakake
  3. Nyiapake papan panggonan (setting)
  4. Milih lan nemtokake paraga
  5. Akting (carane paraga berekspresi)
  6. Bloking : tata posisi paraga ing panggung
  7. Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana, lan pengaturane lampu

Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku :

  1. Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih
  2. Monolog : pacelathon dhewean
  3. Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama
  4. Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama

KANGGO LUWEH MANGERTENI MATERI KASEBUT, WACANEN MATERI KASEBUT

https://docs.google.com/presentation/d/1zbAr2eReH2MYMEoDghpwnk6aWcgvNGq7/edit?usp=sharing&ouid=111380541280559709416&rtpof=true&sd=true

Author

Latest Post

Related Post