Assalamualaikum Wr. Wb
Piye kabare siswa siswa kelas VIII ? Mugo mugo tansah sehat lan semangat ngangsu kawruh ing pelajaran basa jawa. Sakdurunge ayo kita padha donga marang Gusti Allah supaya pembelajaran iki migunani ing tembe burine. Ayo donga.
Saiki kita sinau babagan Mangerteni Iklan, tujuanne sinau babagan iki yaiku Peserta didik bisa mangerteni babagan iklan. Iklan niki sering digawe ing media massa lan media elektronik,
MANGERTENI IKLAN UTAWA PARIWARA
Yaiku : Sawijining pesen kang tinulis dening produsen arupa barang utawa jasa kang diandharake ing media kang ditujukake marang masrayakat umum.
PERANGANE IKLAN
- Ukarane cekak lan aos
- Basane gampang dimangerteni
- Tulisan lan gambare narik kawigaten
UNSUR UNSUR IKLAN :
- Jeneng barang utawa jasa
- Alamat Produsen
- Kahanan barang utawa jasa kang ditawarake
Supaya luwih mangerteni babagan iki wacanen link iki :https://docs.google.com/presentation/d/184CiHXPW4N32FUy3HWgPLkJ7xD_vvVvi/edit?usp=sharing&ouid=100755542985609570419&rtpof=true&sd=true
Sakwise maca link ing dhuwur kanggo mangerteni kemampuan sampean coba buka paket Sumbaga Basa Jawa Kanggo Kelas VIII SMP kaca 72 ( Gladhen 2). Garapen kanthi bener ing buku tullis basa jawa sakwise iku banjur kumpulna marang guru.
Wassalamualaikum Wr. Wb











