ASSALAMUALLAIKUM…
Sugeng Injing bocah-bocah kelas 7 ,….
Piye kabare…, Alhamdulillah apik yaaa…
Dina iki materi sing arep dak wulanganke yaiku ngenani ” GEGURITAN”.
Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti materi kasebut . Aminnn
Bismillah…
Geguritan utawa puisi jawa yaiku salah sawijingin karya sastra kang wujudde tulisan ingkang dikhasilake saka ungkapan diri pembuat geguritan. Geguritan duweni bahasa kang endah lan memperhatike irama penulisan. Geguritan mestine gunaake bahasa jawa.
- duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
- duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
- duweni bahasa ingkang endah lan mentes
- Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan
Unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
- Tema
- Bahasa kang endah
- Judul Geguritan
- Diksi
- Citra
- Purwakanthi
- Amanat kang ono ing jero ne geguritan
- Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
- Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
- Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
Kanggo luweh mangerteni materi Geguritan, COBA KLIK LAN WACANEN MATERI ING NGISOR IKI KANTHI TREP!