ASSALAMUALLAIKUM….
Sugeng enjing bocah-bocah.., piye kabare dina iki mugo-mugo kabeh padha sehat yaaa, kanggo miwiti piwulangan dina iki ayo pdha-padha ndunga supaya materi dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita lan uga materi kasebut bisa diterapake ing omah utawa kaluwarga uga masyrarakat.
Bismillah …
Materi dina iki sing arep dirembug yaiku ngenani Basa ngoko lan Basa Krama
Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa
Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang kaya ing ngisor iki:
Basa Ngoko
1. Ngoko lugu
Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab.
Penganggone:
- Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina.
- Dienggo ndhuwuran marang andhahan.
- Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane.
Tuladha:
- Kowe gelem turu kene, Mbak?
- Kowe sesuk apa sida lunga?
- Kowe ditukokake jajan pasar?
2. Ngoko alus
Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama ingghil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan.
Penganggone:
- Sedulur enom marang sedulur tuwa.
- Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur.
- Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko.
Tuladha:
- Panjenengan kersa sare kene Mbak?
- Panjenengan sesuk apa sida tindak?
- Panjenengan dipundhutake jajan pasar?
Pangeling:
Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku:
1. Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya.
2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko.
Basa Krama
Basa krama diperang dadi loro, yaiku:
1. Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula.
Penganggone: Marang wong sadrajad sing durung raket (durung akrab).
Tuladha:
- Sampeyan purun tilem mriki Mbak?
- Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?
- Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?
2. Krama alus
Basa krama alus yaiku basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan.
Penganggone:
- Wong enom marang wong tuwa
- Anak marang bapak utawa ibune
- Putu marang eyang utawa simbahe
- Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane
- Marang wong sing luwih dhuwir drajade
- Murid marang gurune.
- Andhahan marang pimpinane.
- Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane.
Tuladhane:
- Panjenengan kersa sare mriki Mbak?
- Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?
- Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?