Assalamualaikum Wr.Wb
Piye kabarre siswa siswa kelas VII saiki ? Muga muga tansah sehat sehingga bisa ngangsu kawruh ing babagan pelajaran basa jawa. Sakdurunge ayo kita padha donga marang Gusti Allah supaya pasinaonan iki migunani ing tembe mburine. Monggo donga.
Siswa siswa klas VII sakniki kita arep sinau bareng babagan Crita Pengalaman Pribadhi, tujuan sinau iki yaiku supaya bisa ngenal crita pengalaman pribadi lan bisa dadi pepenget /dokumen ing pribadhi. Kanca kanca kabeh mesthine nanti ngalami kedadean maneka warna kayata : kedadean seneng, susah, lan sapanunggalane. Ayo sinau bareng.
PANGERTEN CRITA PENGALAMAN PRIBADI
Crita pengalaman pribadi yaiku Crita sak kedadeanne kang dirasakake dening pribadhi. Kang sakjeroning peritiwa kuwi ana prastawa, panggonan, wektu, lan swasana kang wes kepungkur.
JENIS JENIS CRITA PENGALAMAN PRIBADHI
- Pengalaman Pribadhi Kang Nyenengake
- Pengalaman Pribadhi Kang Sedih
- Pengalaman Pribadhi Kang Lucu
- PengalamAN Pribadhi Kang Njengkelake
NULIS CRITA PENGALAMAN PRIBADHI
Unsur Intrinsik kang kudu ana ing nulis crita pengalaman pribadhi :
- Tema
- Alur
- Latar
- Paraga
- Amanat
- Sudut Pandang
Tambahanne : Basa kang digawe kudu bisa nyengkuyung crita kang digawe sehingga critane bisa apik.
Sakwise maca ilmu ing dhuwur kanggo mangerteni kemampuan coba buku ajar bahasa jawa kanggo SMP Kelas VIII kaca 39-41. Garapen gladhen kuwi langsung ing bukune. Banjur lek wes rampung kumpulna marang gurune. Muga muga oleh biji apik.
Wassalamualaikum Wr. Wb












