Nyeritakake Crita Wayang Karna Madeg Senapati

wayang golek

Assalamualaikum Wr. Wb

Piye kabare siswa kelas X? Muga muga sehat lan tetep semangat ngangsu kawruh ing bab Crita wayang.Sakdurunge sinau iki ayo padha donga marang Gusti Allah supaya pasinaonan iki mugunani ing tembe mburine.

Dhek wing kita sampun sinau babagan crita wayang, tujuan sinau nyeritakake Crita Wayang Karna Madeg Senapati yaiku supaya bisa nyeritakake kanthi apik lan cetha.

CRITA WAYANG

Cerita kang umumme dilakokake dalang kanthi iringan gamelan.Wujud wayang 2 dimensi kagawa saka kulit sapi utawa kulit wedhus. Wujud wayang 3 dimensi : digawe saka kayu kang diregani penganggo saka kain kang maneka warna adhedasar karakter wayang.

NYERITAKAKE CRITA WAYANG KARNA MADEG SENAPATI

Urut urutane  :

  1. Maca kanthi permati wacan asline
  2. Nulis ringkesan adhedhasar ide pokok sing mligi intine crita. Migunakake ukara kanthi padhat, efektif dan menarik.
  3. Disinauni kanthi bener banjur diceritakake tamtune cocog karo isi crita wayang
  4. Nyeritakake kudu nganggo basa lan busana kang mathuk

Sakwise mangerteni bab iki kanggo weruh kemampuanmu coba buka lan garapen LKS Basa jawa untuk SMA/SMK/MA Kelas X kaca 29.Garapen ing buku tulis basa jawa.Sakwise mari kumpulna marang gurumu.Muga muga oleh biji apik.

Wassalamualaikum Wr.Wb

 

 

 

 

Author

Latest Post

Related Post