Nintingi Unsur Teks Drama Tradisional Kanthi Mandiri

drama 8 2023

Assalamualaikum Wr.Wb

Pripun kabarre para siswa kelas IX ? Mugi mugi sehat lan tetep semangat  supaya bisa trima pelajaran kanthi sae. Sakdurunge sinau monggo kita donga supaya pembelajaran dino iki bisa lancar lan dimangerteni.

Pembelajaran kalawingi rembug babagan  teks drama kanthi menarik. Teks drama Tradisional   duweni karakter dewe dewe mulane kudu bisa bedakake . Kanggo nyumurupi unsur teks drama tradisional gatekake pamulangan ing ngisor iki :

STRUKTUR TEKS DRAMA TRADISIONAL

  1. Tema : Gagasan poko kang dikembangake
  2. Alur : Tata urutan lumakune crita saka kawitan ngati akhir crita seng dialami dening tokoh lan nganggo latar lan pesen kang kiandut ing ceritane
  3. Setting : Gambaran lumakune crita ingkang di gelar
  4. Penokohan : Gambarake  sapa kang dadi paraga ing crita lan gambarake watak lan sipate saben tokokh/ paraga
  5. Amanat : Pesan moral kang kinandhut  ing crita teks drama

WUJUD TEKS DRAMA TRADISIONAL

  1. Ludruk
  2. Kethoprak

BASA TEKS DRAMA TRADISIONAL

  • Basa Krama Alus
  • Basa Ngoko Lugu

Sesampuni mangerteni babagan iki kanggo nyumurupi kemampuan siswa supaya bisa garap gladhen ing buku  Kirtya Basa kaca 49-52  banjur dikumpulake. Lan materi iki supaya migunani ing tembe buri ing lingkungan masyarakat.

Wassalamualaikum Wr. Wb