Assalamualaikum Wr.Wb
Piye kabare isuk iki? Semoga kahanan apik apik wae lan siap nampa pasinaunan . Sakdurunge sinau ayo donga supaya bab sing disinauni bisa klebu kanthi kabeh lan migunani. Monggo donga.
Dek wingi mari sinau bab maca teks lakon. Saiki ngelanjutake teks lakon sing uga dukung teks lakon supaya luwih mangerteni.
NDUDHAH AJINE MORAL SAKJERONE TEKS LAKON
Teks lakon duweni piwulang / tuntunan kang pingin diandharake dening panulis supaya bisa didadekake patuldhan kanggo urip dumateng Allah lan urip ing masyarakat.
Piwulang moral sing bisa ditemokake dening teks lakon :
- Moral sesambungan karo Gusti Kang Maha Kuasa
- Moral sesambungan karo sapadha padha manungsa
- Moral sesambungan karo diri pribadi
- Moral sesambungan karo alam lingkungan sekitar
Sakrampunge mangerteni bab iki kanggo ngasuh kaweruh ;
Bukaen buku Sastri Basa X kaca 56 garapen 2
Garapen ing buku tulis basa jawa banjur dikumpulake. Mugo mugo ansal biji apik saka gurune
Wassalamualaikum Wr. Wb