logo-sekolah-islam-shafta

MENGANALISIS UNSUR BAHASA DALAM PENTAS SANDIWARA

drama 6

ASSALAMUALLAIKUM…

Sugeng Injing bocah-bocah kelas 12, ,….

Piye kabare…, Alhamdulillah apik ya.

Dina iki materi sing arep dak wulangange yaiku ngenani ” PENTAS SANDIWARA”.

Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti . Aminnn

Bismillah…

PENTAS SANDIWARA

Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi 3

  1. Gancaran ” prosa”
  2. Geguritan ” puisi”
  3. Sandiwara ” drama”

Sandiwara saka tembung lingga yaiku Sandhi lan Wara. sing nduweni teges Sandhi = Rahasia, Wara = ajaran.

Sandiwara tegese ajaran sing diwulangake kanthi rahasia utawa ora kanthi blak-blakan. Kang ngemot amanat tumrap para panontone.

Sandiwara mujudake genre ( jenis) asil cipta sastra sing gambarake urip manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk.  Sandiwara gambarake kasuyatan masyarakat, watak sarta tindak tanduk manungsa lumantar paraga ing pentas.

ISTILAH ING SAJRONE SANDIWARA

  1. Babak yaiku perangan saka lakon sandiwara, ditandai kanthi mudhune layar utawa matine lampu
  2. Adegan, yaiku perangan saka babak sing mung nggambarake sak perangan kahanan ing rerangken babak.
  3. Prolog, yaiku minangka purwakaning crita sandiwara kang ngandharake sinopsis, ngenalake para paragane, sarta konflik-konflik kang bakal diceritakake.
  4. Epilog, yaiku wasana basa kang mungkasi pagelaran/pamentasan.
  5. Dialog, yaiku pacelathon antarane para paraga
  6. Monolog, yaiku pacelathone sawijining paraga marang awake dhewe
  7. Mimik, yaiku ekspresi utawa owah-owahaning pasuryan kanggo nuduhake emosi kang dirasake dening para paraga.
  8. Pantimim, yaiku ekspresi gerak-gerik badan/sarira kanggo nuduhake emosine paraga
  9. Pantomimik, yaiku gathukake ekspresi wajah karo obahing awak kanggo nuduhake emosi paraga.

Supaya luweh mangerteni materi kasebut ….

Coba wacanen materi sing ana ing ngisor iki ngenani “Pentas Sandiwara” Kanthi pathitis.

Materi ” Pentas Sandiwara”

https://drive.google.com/file/d/1VGwks8-gUsCsCpJ_lr5yYNLKwCxZS7Kt/view?usp=share_link

Author

Latest Post

Related Post