ASSALAMUALLAIKUM….
Sugeng enjing bocah-bocah kelas 11…
piye kabare dina iki mugo-mugo kabeh padha sehat yaaa, kanggo miwiti piwulangan dina iki ayo pdha-padha ndunga supaya materi dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita lan uga materi kasebut bisa diterapake ing omah utawa kaluwarga uga masyrarakat.
Bismillah …
Jenis-jenise drama:
- drama tragedi
Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan sing nrenyuhake ati (sedhih).
- Drama Komedi
Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon sing lucu.
Unsur-unsur drama :
- Unsur Intrinsik
Sing kalebu unsur intrinsik yaiku :
2. Naskah/ Skenario
Teks sing ngemot kedadeyan sing bakal dimainake dening para paraga.
3. Paraga
Wong sing bakal meragakake drama.
4. Sutradara
Salah sijining pawongan kang ngendalekake pentas drama.
- Unsur Ekstrinsik
Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku :
- Busana/ kostum lan rias
- Panggung/ papan pentas
- Gamelan
- Unsur Teateral
Paraga kudu nguwasani papan pentas/ panggung.
- Unsur Budaya
Budaya sing ana ing masyarakat sakiwa tengene pentas
- Unsur Kaendahan (estetika)
Unsur sing ana gegayutane karo rasa kaendahan, kreativitas, lsp.
Sing kudu ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama, yaiku :
- Maca naskah drama kanthi mangerteni isine
- Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah kang arep diperagakake
- Nyiapake papan panggonan (setting)
- Milih lan nemtokake paraga
- Akting (carane paraga berekspresi)
- Bloking : tata posisi paraga ing panggung
- Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana, lan pengaturane lampu
Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku :
- Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih
- Monolog : pacelathon dhewean
- Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama
- Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama
KANGGO LUWEH MANGERTENI MATERI KASEBUT, WACANEN MATERI KASEBUT