logo-sekolah-islam-shafta

MACA TITILARAS TEMBANG MACAPAT “Tembang Gambuh”

tembang macapat, jenis-jenis tembang macapat

ASSALAMUALLAIKUM…

Sugeng Injing bocah-bocah kelas 11 ,….

Piye kabare…, Alhamdulillah apik yaaa…

Dina iki materi sing arep dak wulanganke yaiku ngenani  ” TEMBANG MACAPAT”.

Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti materi kasebut . Aminnn

Bismillah…

TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.
b. Paugeran-paugeran tembang macapat, yaiku:
1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
3) Guru lagu yaiku tibangning swara ing pungkasaning gatra

Jenise tembang macapat kabagi dadi 11:

  1. maskumambang
  2. mijil
  3. sinom
  4. kinanthi
  5. asmaradana
  6. gambuh
  7. dangdhanggula
  8. durma
  9. pangkur
  10. megatruh
  11. pocung.
Tembang Gambuh
Gambuh (kecocokan) ing basa jawa yakuwe “jumbuh utawa sarujuk” sing duweni arti cocok (Gambuh dalam bahasa Jawa artinya cocok). Tembang iki nggambaraken komitmen menungsa sing wis wara-wara katresnan lan siap kanggo dumunung mudhun. Gancarne tembung gambuh yakuwe salah sawijine tembang kang ngandhung akeh piwulang (Karangan tembang gambuh merupakan salah satu tembang yang mengandung banyak pelajaran)..
Saben tembang macapat kaiket wewaton/pugeran : guru gatra, guru wilangan, guru lagu (Setiap nyanyian macapat terikat uturan guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu).
Kanggo luweh mangerteni . COBA KLIK TEMBANG GAMBUH ING NGISOR IKI!

Author

Latest Post

Related Post