logo-sekolah-islam-shafta

GUNANE BASA NGOKO LAN BASA KRAMA ING BEBRAYAN

bahasa-jawa-ngok....

ASSALAMUALLAIKUM….

Sugeng enjing bocah-bocah.., piye kabare dina iki mugo-mugo kabeh padha sehat yaaa, kanggo miwiti piwulangan dina iki ayo pdha-padha ndunga supaya materi dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita lan uga materi kasebut bisa diterapake ing omah utawa kaluwarga uga masyrarakat.

Bismillah …

Materi dina iki sing arep dirembug yaiku ngenani Basa ngoko lan Basa Krama

BASA NGOKO LAN BASA KRAMA

Apa sing mbok ngerteni marang Ngoko Lugu, Ngoko Alus, Krama Lugu, lan Krama Alus?

  • Ngoko lugu, yaiku bahasa ingkang panggunaane mboten wonten kecampuran bahasa krama.
  • Ngoko Alus, yaiku bahasa ngoko ingkang panggunaane kecampuran bahasa krama.
  • Krama Lugu, yaiku  kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
  • Krama Alus, yaiku kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.

 

Apa gunane bahasa krama ing padinan?

  • Arti pertanyaan diatas adalah, apa kegunaan bahasa krama dalam sehari-hari?. Gunane bahasa krama ing padinan yaiku kangge nunjukake rasa hormat kalih wong ingkang luwih tuwo utawi ingkang sing dikurmati.

 

Gawea ukara ngangga bahasa Ngoko lugu, Ngoko Alus, Krama lugu (Krama Madya), lan Krama Alus (Krama Inggil)!

Conto 1 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Kamu tadi apa sudah makan?
  • Ngoko Lugu  = Kowe mau apa wis mangan?
  • Ngoko Alus  = Sampeyan mau apa wis dahar?
  • Krama Lugu  = Sampeyan wau punapa sampun nedha?
  • Krama Alus  = Panjenengan wau punapa sampun dahar?

 

Conto 2 (Pitakon) (Conto anggo lunga)

  • Bahasa Indonesia = Apakah kamu jadi pergi ke Solo?
  • Ngoko Lugu  = Kowe opo sido lunga menyang Solo?
  • Ngoko Alus  = Kowe apa dadi lunga menyang Solo?
  • Krama Lugu  = Sampeyan napa dadi kesah menyang Solo?
  • Krama Alus  = Panjenengan punapa dados tindak dhateng Solo?

 

Conto 3 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Kamu tadi sampai sini naik apa?
  • Ngoko Lugu  = Kowe mau teka kene numpak apa?
  • Ngoko Alus  = Kowe mau dhateng kene nunggang apa?
  • Krama Lugu  = Sampeyan wau dhateng mriki numpak napa?
  • Krama Alus  = Panjenengan wau rawuh mriki nitih napa?

 

Conto 4 (Pitakon)

  • Bahasa Indonesia = Apakah kamu mau bantu jaga malam?
  • Ngoko Lugu  = Kowe opo gelem ngrewangi njaga bengi?
  • Ngoko Alus  = Apa kowe purun ngrewangi jaga wengi?
  • Krama Lugu  = Napa sampeyan purun ngrencangi jagi wengi?
  • Krama Alus  = Punapa panjenengan kersa ngabdeni reksa dalu?

Kanggo mangerteni bab ngenani basa, coba Materi link ing ngisor iki bisa diwaca..

https://docs.google.com/presentation/d/1geI8kpHR-NWK4ngwEef58LrSUXJ-PYYF/edit?usp=sharing&ouid=111380541280559709416&rtpof=true&sd=true

Author

Latest Post

Related Post