Contoh Teks Pidhato Bahasa Jawa SMP Kelas IX
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi, lan kanca-kanca sedaya ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang Maha Agung, amargi berkah lan rahmat-ipun kita sedaya saget kempal ing adhicara perpisahan kelas 9 punika kanthi sehat wal afiat.
Kula minangka wakil saking kanca-kanca kelas 9, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak lan Ibu Guru. Awit saking welas asih lan sabar in anggenipun nulari ilmu dhumateng kula sakanca selama tigang warsa menika. Mugi-mugi amal kautamen Bapak lan Ibu Guru pikantuk wewales saking Gusti Allah SWT.
Kula sakanca ugi nyuwun pangapunten bilih wonten kalepatan, menawi nate ngendika ingkang mboten tulus utawa tumindak ingkang klentu selama sekolah ing mriki.
Dhateng adhi-adhi kelas 7 lan 8, kula pesen supados tetep sregep sinau, taat dhumateng guru, lan njunjung dhuwur asma almamater sekolah.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken. Bilih wonten kalepatan atur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.











