logo-sekolah-islam-shafta

CERKAK

cerkak, pengertenian cerkak dan jenis-jenis cerkaka

ASSALAMUALLAIKUM…

Sugeng Injing bocah-bocah kelas 12 ,….

Piye kabare…, Alhamdulillah apik yaaa…

Dina iki materi sing arep dak wulanganke yaiku ngenani  ” CERKAK”.

Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti materi kasebut . Aminnn

Bismillah…

Apa pangertene saka Cerkak?

  • Cerkak (Cerita Cekak/Cerita Pendek) yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka awal nganti pungkasan kanthi cekak wae. Cerita iki nduwenani isi ingkang ringkes, padet, lan sakedhik alur caritane.

Apa perbedaane Cerkak lan Cerbung?

  • Cerkak iku saking wiwitane nganti pungkasane cerita namung cekak, ringkes, nduweni 1 kedadean lan padet.
  • Nanging Cerbung (Cerita bersambung) iku nduwenani wiwitane cerita nganti pungkasane cerita ingkang dawa, ono luwih seka 1 kedadean, lan ceritane kompleks.

Apa Unsur Cerkak?

Cerkak iku nduwenani 2 Unsur, yaiku Unsur Intrinsik lan Unsur Ekstrinsik.

  1. Unsur Intrinsik (Tema, Latar (Tempat, waktu, Keadaan), Alur (Maju, Mundur, Campur), Tokoh Penokohan, Sudut Pandang, Pesan Moral.
  2. Unsur Ekstrinsik (Nilai agama budaya politik ekonomi, latar belakang uripane pengarang, keadaan sosial pas cerita iku diciptakae)

Kanggo luweh mangerteni materi Cerkak. WACANEN MATERI ING NGISOR IKI!

https://drive.google.com/file/d/1mohsAZZkIss7clTRcthBitQiZqlvicAC/view?usp=share_link

Author

Latest Post

Related Post