logo-sekolah-islam-shafta

ARTIKEL

pengertian aertikel

ASSALAMUALLAIKUM…

Sugeng Injing bocah-bocah kelas 10 ,….

Piye kabare…, Alhamdulillah apik yaaa…

Dina iki materi sing arep dak wulanganke yaiku ngenani  ” ARTIKEL”.

Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti materi kasebut . Aminnn

Bismillah…

Pangerten Artikel
Artikel yaiku karangan nyata kanthi dowo tertentu disebarake lewat koran, majalah, lan media massa liane.
Tujuane wong kang nggawe artikel yaiku kanggo ngekek i tambahan ilmu pengetahuan ngeyakinake wong kang   moco, lan gawe hiburan.
Artikel bisa diartekake tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadang nglelipur, ndhidik utawa nyaruwe sawijine babagan kang pinuju sinebar liwat medhia massa sacara online utawa offline.

 Struktur Artikel
  Artikel iku nduweni 4 struktur yaiku :

  1.  Irah irahan : Irah irahan sajrone bahasa indonesia iku judul ,Irah irahan iku gawe ngewakilake isi ing sajrone artikel.
  2. Pambuka : Pambuka iku tugase gawe mbuka isi artikel. Yen pambuka ora menarik , wong kang maca males nerusake macane ing artikel iku mau.
  3. Isi : Isi tugase njlentrehno opo kang kape dijelasno. Inti saka artikel iku mau.
  4. Panutup : Panutup iku tugase kanggo nutup artikel.

 Jinis Jinise Artikel lan Tuladhane

  1. Artikel Eksploratif : Artikel kang tulisane ndungkapane fakta fakta miturut pamawase si penulis. Jenis artikel iki cocog kanggo maparake temon temon anyar. Tuladhane : Makalah paniliten, Nemokake fosil tinggalan jaman purba, lan sapiturute.
  2. Artikel Eksplanatif : Artikel iki tegese maparaken keterangan sawijine perkoro tuladhane : tawuran antar pelajar.
  3. Artikel Predhikatif : Artikel iki isine pitungan utawa ramalan miturut penulis tuladhane : ramalan cuaca.
  4. Artikel Preskriptif : Artikel sing ngekek i tuntunan agar pembaca mboten keliru. Tuladhane : cara nggae kripik.
  5. Artikel Argumentasi : Artikel kanggo mbuktiake kebenaran (pendapat e wong), tuladhane : mene sare miturut Sandy udan deres.
  6. Artikel Eksposisi : Artikel iki tegese njlentrehake sawijining topik kanggo tambahan ilmu. Tuladhane : Kenduren.

Kanggo  luweh mangerteni materi Artikel : KLIK MATERI ING NGISOR IKI!

https://drive.google.com/file/d/11HUO0TyQX6u7DGIoW9IrYpe2NLRMI3RJ/view?usp=share_link

Author

Latest Post