logo-sekolah-islam-shafta

Aksara Rekan : Pengertian Dan Contohnya

aksara rekan

ASSALAMUALLAIKUM…

Sugeng Injing bocah-bocah kelas 9,….

Piye kabare…, Alhamdulillah apik yaaa…

Dina iki materi sing arep dak wulanganke yaiku ngenani  ” AKSARA REKAN”.

Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti materi kasebut . Aminnn

Bismillah…

AKSARA REKAN

Aksara rekan yaiku aksara kang dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab. Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae.”
Aksara rekan kanggo nulis aksara konsonan saka tembung manca. Aksara rekan duweni paugeran lan
panganggone ora sembarangan. Paugeran panganggone aksara rekan yaiku:
a) Aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, utamane tembung kang saka basa Arab.
b) Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajrone
pepet.
c) Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan wulu, layar, utawa cecak, cecake telu dumunung ing sisih              kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen.
d) Aksara rekan ora kena dadi pasangan, kajaba aksara p kang wujud pasangane P.
e) Menawa aksara rekan dumunung ing saburining

AKSARA REKAN

aksara rekan

Pasangan aksara rekan

aksara rekan

Tuladha aksara rekan

Aksara sing bisa di gawe nganggo hurup aksara rekan yaiku:

  • Ghaib
  • Zakat
  • Fajar
  • Khotib
  • Madzab

Aksara rekan uga bisa digawe jeneng

  • Zikrina
  • Ghufron
  • Fathiya
  • Adzkiya
  • Kholimasya
  • Vania

Tuladha panulisane yaiku :

aksara rekan

Supaya luweh mangerteni materi kasebut. WACANEN MATERI ING NGISOR IKI :

https://drive.google.com/file/d/133FthZrCvjdN5UXvVtzKiI-i1Q7vuZvC/view?usp=sharing

 

Author

Latest Post

Related Post