ASSALAMUALLAIKUM…
Sugeng Injing bocah-bocah kelas 9,….
Piye kabare…, Alhamdulillah apik yaaa…
Dina iki materi sing arep dak wulanganke yaiku ngenani ” AKSARA REKAN”.
Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti materi kasebut . Aminnn
Bismillah…
AKSARA REKAN
Aksara rekan yaiku aksara kang dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab. Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae.”
Aksara rekan kanggo nulis aksara konsonan saka tembung manca. Aksara rekan duweni paugeran lan
panganggone ora sembarangan. Paugeran panganggone aksara rekan yaiku:
a) Aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, utamane tembung kang saka basa Arab.
b) Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajrone
pepet.
c) Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan wulu, layar, utawa cecak, cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen.
d) Aksara rekan ora kena dadi pasangan, kajaba aksara p kang wujud pasangane P.
e) Menawa aksara rekan dumunung ing saburining
AKSARA REKAN
Pasangan aksara rekan

Tuladha aksara rekan
Aksara sing bisa di gawe nganggo hurup aksara rekan yaiku:
- Ghaib
- Zakat
- Fajar
- Khotib
- Madzab
Aksara rekan uga bisa digawe jeneng
- Zikrina
- Ghufron
- Fathiya
- Adzkiya
- Kholimasya
- Vania
Tuladha panulisane yaiku :

Supaya luweh mangerteni materi kasebut. WACANEN MATERI ING NGISOR IKI :
https://drive.google.com/file/d/133FthZrCvjdN5UXvVtzKiI-i1Q7vuZvC/view?usp=sharing