Cakepan Tembang Kreasi – Materi Kelas VII SMP

Gemini_Generated_Image_99ozxs99ozxs99oz

Cakepan Tembang “Prau Layar” karyanipun Ki Nartosabdo

Yo kanca ning gisik gumbira, anglerap-lerap banyune segara

Angliyak numpak prau layar

Ing dina minggu ke pariwisata

Alon praune wis nengah

Byak byuk byak banyu binelah

Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu

Ngilangake rasa lungrah lesu

Adhik njawil Mas

Jebul wis sore

Witing kelapa katon ngawe-awe

Prayogane becik bali wae

Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe

 

Cakepan Tembang “Pepeling:

Wis wancine tansah dielingke
Wis wancine padha nindakake
Adzan wus kumandhang, wayahe sembahyang
Netepi wajib dhawuhe Pangeran

Solat dadi cagaking agama
Limang wektu kudu tansah dijaga
Kanthi istiqomah lan sing tumakninah
Luwih sampurna yen berjamaah

Subuh, Luhur, lan Ashar
Solat sayekti ngadohke tindak mungkar
Magrib lan Isyak jangkepe
Prayogane ditambah solat sunahe

Ja sembrana iku prentah agama
Elingana neng ndonya mung sedhela
Sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa
Yen kepingin mbesuk munggah swarga

 

 

Cakepan Tembang “Gugur Gunung” karyanipun Ki Narto Sabdo

Ayo, Ayo

Kanca, Kanca

Ngayahi karyaning praja

 

Kene, kene

Kene, kene

Gugur gunung tandang gawe

 

Sayuk sayuk rukun

Bebarengan ro kancane

Lila lan legawa

Kanggo mulyaning negara

 

Siji, loro, telu, papat

Maju papat papat

Diulang-ulungake

Mesthi enggal rampunge

 

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

 

Cakepan Tembang “Padhang Bulan”

Yo pra kanca dolanan neng njaba

Padhang mbulan padhange kaya rina

Rembulane ne sing ngawe-awe

Ngelingake aja padha turu sore

 

Cakepan Tembang “Lir-Ilir” karyanipun Sunan Kalijaga

Lir-ilir lir ilir

Tandure wus sumilir

Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar

Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi

Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira

Dodotira-dodotira kumitir bedhah ing pinggir

Dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore

Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane

Yo suraka surak hiyaaa

 

Cakepan Tembang “Turi Putih”

Turi turi putih…
Ditandur neng kebon agung,
Turi-turi putih…
Ditandur ning kebon agung

Cemleret tiba nyemplung
Mbok kira kembange apa,
Mbok kira – Mbok kira…
Mbok kira kembange apa,

Kembang-kembang tebu…
Kembang tebu cacahe pitu
Kembang-kembang tebu…
Kembang tebu cacahe pitu

Kang mituhu marang guru
Ben lakune ora kleru
Mbok kira – Mbok kira…
Mbok kira kembange apa,

Kembang-kembang jambe…
Kembang jambe dironce-ronce
Kembang-kembang jambe…
Kembang jambe dironce-ronce

Rungokno pituture
Ben ra getun tembe mburine
Mbok kira – Mbok kira…
Mbok kira kembange apa,

Kembang-kembang waru…
Kembang waru diwiru-wiru
Kembang-kembang waru…
Kembang waru diwiru-wiru

Apa ta tegese guru
Digugu uga di tiru
Mbok kira – Mbok kira…
Mbok kira kembange apa..

Author

Latest Post

Related Post