Assalamualaikum Wr. Wb
Pripun kabar kelas XI saiki ? Muga muga tansah sehat lan tetep semangat ngangsuh kawruh ing babagan pelajaran basa jawa. Sakdurungwe sinau ayo kita dedongo marang Gusti Allah supaya pembelajaran iki duweni manfaat ing tembe mburi. Monggo dunga.
Kalawingi kita sampun sinau babagan unsur lan struktur teks cerkak supaya luwih mangerteni bab cerkak. Saiki kita sinau bab nulis cerkak Tujuan sinau bab iki yaiku supaya besuke bisa gawe karya sing apik. Isine crita Cerkak kuwi maneka warna kayata : crita seneng, crita sedih.
NULIS CERKAK
Cerkak yaiku ngenani bab panguripan sawijining pawongan kang dicritakake kanthi ringkes.
Lakune crita cerkak : tetepungan, masalah, klimaks, lan ngrampungake masalah.
Perangane nulis Cerkak :
- Nemtoake Tema
- Nemtoake Judul
- Nemtoake Tujuan
- Nemtoake bahan
- Nemtoake Cengkorongan
- Ngisi kedadean kedadean / lakuning crita
- Nguripake swasana ing saben kekadean
Coba waca;en materi ing link iki ;https://docs.google.com/presentation/d/1fk1iUtoI-b3nCdsfzRYRMZ3Fjak4jmCP/edit?usp=sharing&ouid=100755542985609570419&rtpof=true&sd=true
Nulis cerkak iki gampang gampang angel kudu sering latihan supaya nulis Cerkak bisa apik lan manut aturan
Sakwise maca link ing dhuwur kanggo nguji kemampuan coba nulis Cerkak ing kertas folio bergaris ojolali perangane kudu ana ing tulisan Cerkak lek sampun rampung banjur kumpulna marang guru; Muga muga oleh biji apik.
Wassalamualaikum Wr.Wb











