MANGERTENI PRANATACARA

mc

Assalamualaikum Wr.Wb

Piye kabar siswa kelas XII sakniki? Muga muga tansah sehat lan tetep ngangsu kawruh ing pelajaran basa jawa. Sakderenge miwiti ayo padha donga marang Gusti Allah supaya pelajaran iki bisa migunani ing tembe buri. Ayo dunga.

Saiki kita sinau babagan Pranatacara. Pranatacara sing luwih dikenal Master Of Ceremony iku sering ditemoni ing media massa kayata ing acara resmi / formal. Coba wacanen bab ing ngisor iki :

PRANATACARA

Yaiku : paraga seng duwe jejibahan nglantarake titilaksana sawijining upacara adat, kayata temanten, pejamuan, kesripahan, pengaosan lan pentas.

SYARAT PRANATACARA

  1. Swara yaiku logat, pocapan, prana, intonasi, kajiwan
  2. Busana yaiku busana kang bener, laras karo kahanan lan tumata pantes
  3. Basa yaiku bisa ngolah basa sing apik ( bisa ngucapake tembung, ukara, bebasan, wacana basa jawa krama kanthi laras lan leres.

PERANGAN TEKS PRANATACARA

  1. Pembuka
  2. Salam Pambuka
  3. Puji Syukur
  4. Sapaan
  5. Ancasing gati
  6. Panutup
  7. Salam Penutup

Sakrampunge maca bab pranatacara ing dhuwur, kanggo mangerteni kemampuan pengetahuan coba buka buku LKS Bahasa Jawauntuk SMA/ SMK/MA Kelas XIIkaca 46-49. Garapen ing LKS iku kanthi bener banjur kumpulna marang gurumu. Muga muga oleh biji apik.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Author

Latest Post

Related Post