ASSALAMUALLAIKUM….
Sugeng enjing bocah-bocah kelas 11…
piye kabare dina iki mugo-mugo kabeh padha sehat yaaa, kanggo miwiti piwulangan dina iki ayo pdha-padha ndunga supaya materi dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita lan uga materi kasebut bisa diterapake ing omah utawa kaluwarga uga masyrarakat.
Bismillah …
TEMBANG MACAPAT
Tandha-tandhane tembang macapat yaiku :
- Nganggo pathokan/paugeran : Guru wilangan, guru lagu, guru gatra lan pada.
- Bahasane nganggo basa Jawa anyar.
- Bisa mandheg dhewek tanpa diiringi gendhing
Gunane tembang macapat
- Kanggo kasusastran jaman siki.
- Kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing.
- Kanggo lagu kethoprak lan wayang wong.
- Kanggo ngarang kapustakan jawi.
- Kanggo parikan lan dhagelan
- Jenis tembang macapat
- Maskumambang
- Mijil
- Kinanthi
- Sinom
- Asmarandhana
- Gambuh
- Dhandhanggula
- Durma
- Pangkur
- Megatruh
- Pocung
Kasusastran kang tinemu ing tembang macapat yaiku:
- Pada : Arane cacah/jumlah tembang saben selagu, sekang wiwitan/awal nganti tekan pungkasan/rampung.
- Guru gatra : larikan ing tembang macapat, neng tembang gedhe diarani pada dirga, yakuwe cacahing gatra saben selagu.
- Guru wilangan : Jumlah/cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
- Guru lagu : Tibaning swara saben pungkasane gatra.
- Dhong-dhing, yakuwe guru lagu sing tibane swara “U” utawa “I”.
SOAL ULANGAN HARIAN KELAS XI
https://docs.google.com/forms/d/1W7DzHjaEg1AbZDNmaqgtufT07K0f-x91zdAUHhh54L4/edit