ASSALAMUALLAIKUM…
Sugeng Injing bocah-bocah kelas 11 ,….
Piye kabare…, Alhamdulillah apik yaaa…
Dina iki materi sing arep dak wulanganke yaiku ngenani ” TEMBANG MACAPAT”.
Kanggo miwiti pasinaunan dina iki ayo padha dedungan supaya ilmu ing dina iki bisa nduweni manfaat kanggo kita sedaya, lan muga-muga kowe kabeh bisa mangerti materi kasebut . Aminnn
Bismillah…
TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.
b. Paugeran-paugeran tembang macapat, yaiku:
1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
2) Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
3) Guru lagu yaiku tibangning swara ing pungkasaning gatra
Jenise tembang macapat kabagi dadi 11:
- maskumambang
- mijil
- sinom
- kinanthi
- asmaradana
- gambuh
- dangdhanggula
- durma
- pangkur
- megatruh
- pocung.